INFORMASI BUKU PSK: CANGKEM KARYA YOSEP BAMBANG MARGONO

 

Cover Buku Cangkem karya Yosep Bambang Margono

IDENTITAS BUKU

Judul                      : Cangkem

Pengarang              : Yosep Bambang Margono

ISBN                      : (masih dalam proses)

Edisi                      : -

Ukuran Buku          : 14 x 21 cm

Jumlah Halaman    : vi + 240 halaman

Tahun Terbit          : 2023

Penerbit                : Perkumpulan Pelataran Sastra Kaliwungu

Alamat Terbit         : Kumpulrejo RT.02/RW.03 Kaliwungu, Kendal, Jawa Tengah

Harga Buku           : Rp 80.000 (Delapan Puluh Ribu Rupiah)

Cara Pemesanan    : Melalui WhatsApp ke nomor +62 822-2611-9416 (Penulis) atau +62 856-4140-2250 (Penerbit PSK)


Sinopsis           : Cangkem iki ya mangkono. Yen panjenengan maca novel iki minangka kasunyatan, mesthine kurang pas amarga iki fiksi, entha-enthaku minangka pengarang. Ana akeh perkara sing dakbayangke, sing dakcipta. Nanging wewayangan lan asiling cipta mau mesthi bae lelandhesan kasunyatan sing dakmangerteni ing bebrayanku. Gandheng aku wong Jawa, sing dakmangerteni ya bebrayan Jawa sak kabudayan lan filosofine, ora ketung sithik. Crita iki mesthi bae bakal panjenengan surasa saka perspektif Jawa lan Indonesia. Jeneng-jenenge paraga sing ana ing novel iki ya jeneng-jeneng Jawa lan daktulis ing basa Jawa. Minangka pembaca, mesthine yen panjenengan ugo wong Jawa bakal angel nyurasa crita iki saka perspektif liyane Jawa. Aku minangka penulis dan panjenengan minangka pembaca ora bisa uwal saka perspektif bebrayan lan kabudayan Jawa lan Indonesia iki amarga ya iki kasunyatan urip kita ing saben dinane; ya iki sing kita ugemi lan pahami. Perkara panjenengan ngrasakake apa nyurasa crita iki padha karo kasunyatan apa malah cengkah saka kasunyatan, sumangga. Aku nulis crita, panjenengan sing ngrasakke lan nyurasa kuwi mau.

Komentar